Jupiter wengi iki isih muter Kangmas..
Agung cumlorote ajeg merbawani langit bang wetan.
Wengi iki Jupiter isih muter Kangmas.
Timik-timik njungkelake lakune mangulon.
Mbok bisaa sepisan nadyan ta sasuwene urip.
Kelakon ing papan kana,
Jembar panyawang isa namatke lakune.
Jupiter wengi iki isih muter Kangmas..
Dak slimur tanganku wengi iki nulisake layang tumuju kang kinapang
Wengi iki Jupiter isih muter, Kangmas..
Lumantare angin, mbok iyaa krasa apa kang dadi wisikku wengi iki.
Babagan abote lakon sing janjane dak jarak dewe.
Perkara kang ora nyawang kadang gandhengan..
Mesisan ngantem luruse dalan pangestu anggone nyekel pagawean.
Jupiter wengi iki isih muter Kangmas..
Sapa kang bisa dadi tudingan.
Rikala karepe awak kudu den penggak wong sing wis ora ana hak..
Den sepatani minangka boca buwangan.
Ora isa dipapanke ora isa dipernahake laku uripe.
Jupiter wengi iki isih muter Kangmas..
Enggal-enggala oleh pepadhang kanggo lantarane jalaran.
0 komentar:
Posting Komentar