Purwane alus.
Sakabehe laku linakoni kanti ati kang
lurus
Sadengah titah ngugemi darmane kang
tumuju atine kang tulus..
Ora mokal para priya kedarung-darung.
Ora amung katut ayune raga
Nanging uga sucine jiwa.
Kalah ing trengginas,,
Nanging pinunjul ing pamawas.
Madyane owah
Rikala pitepungan karo donya sabubare
lawang jinangkah.
Tepang marang kahanan saliyane omah lan
sawah..
Walah ..walah.. malah kekarepane ucul
pendak wengi..
Kanggo njajali barang kang tinuku kanthi
rega sing wah..
Ora gelem nyekel anak ubet muter.
Kojahe saiki wis sarwa simple, undang
wae baby sitter.
Adhuh biyung…
Kaya ngono polahe kang kesandung wuyung.
Gasik anggone tepung bab kang durung
karuan tlisik
Wusana bubrah.
Ora gelem adang sega apa maneh
isah-isah.
Saiki jaman modern,hape gari dudul ora
perlu nglakoni proses kang susah.
Wani ngumbar pupu lan dada kang semi
dibelah
Walah…walah…pathing blenuk
Karepe gur oleh disawang nanging ora
oleh digoyang
*Lho…?
Padahal anggone jejogedan wis ngasi
tutug
Apa maneh wis ngadhepi aplikasi sing
aran Tik Tuk.
Sapa ta janjane ?
Kae lho, prawan negara tangga, sing
genah dudu prawane wong Jawa.