KACA

Selasa, 22 Januari 2019

dadi manungsa
kang isa niru  watake kaca
kang isa tiniru marang wong liya
kaca  ora gelem  ngomong eleke manungsa
kaca  ora isa  ngumbar apes bejane sira
kaca  ora bakal  ngujar barang ala
ananging ..
kaca  tansah nyimpen
rasa atine  wong liya
kaca  tansah ngomong  apa kang ana
umpama kaca  ana ing sajroning jiwane sira
ora  kelakon ana
jumantara  dadi buwana,
buwana  dadi jumantara

BALADHA PRAWAN ETANAN

Minggu, 08 Juli 2018

Purwane alus.
Sakabehe laku linakoni kanti ati kang lurus
Sadengah titah ngugemi darmane kang tumuju atine kang tulus..
Ora mokal para priya kedarung-darung.
Ora amung katut ayune raga
Nanging uga sucine jiwa.
Kalah ing trengginas,,
Nanging pinunjul ing pamawas.

Madyane owah
Rikala pitepungan karo donya sabubare lawang jinangkah.
Tepang marang kahanan saliyane omah lan sawah..
Walah ..walah.. malah kekarepane ucul pendak wengi..
Kanggo njajali barang kang tinuku kanthi rega sing wah..
Ora gelem nyekel anak ubet muter.
Kojahe saiki wis sarwa simple, undang wae baby sitter.
Adhuh biyung…
Kaya ngono polahe kang kesandung wuyung.
Gasik anggone tepung bab kang durung karuan tlisik

Wusana bubrah.
Ora gelem adang sega apa maneh isah-isah.
Saiki jaman modern,hape gari dudul ora perlu nglakoni proses kang susah.
Wani ngumbar pupu lan dada kang semi dibelah
Walah…walah…pathing blenuk
Karepe gur oleh disawang nanging ora oleh digoyang
*Lho…?
Padahal anggone jejogedan wis ngasi tutug
Apa maneh wis ngadhepi aplikasi sing aran Tik Tuk.
Sapa ta janjane ?
Kae lho, prawan negara tangga, sing genah dudu prawane wong Jawa.

JUPITER ISIH MUTER

Jumat, 11 Mei 2018

Jupiter wengi iki isih muter Kangmas..
Agung cumlorote ajeg merbawani langit bang wetan.
Wengi iki Jupiter isih muter Kangmas.
Timik-timik njungkelake lakune mangulon.
Mbok bisaa sepisan nadyan ta sasuwene urip.
Kelakon ing papan kana,
Jembar panyawang isa namatke lakune.

Jupiter wengi iki isih muter Kangmas..
Dak slimur tanganku wengi iki nulisake layang tumuju kang kinapang
Wengi iki Jupiter isih muter, Kangmas..
Lumantare angin, mbok iyaa krasa apa kang dadi wisikku wengi iki.
Babagan abote lakon sing janjane dak jarak dewe.
Perkara kang ora nyawang kadang gandhengan..
Mesisan ngantem luruse dalan pangestu anggone nyekel pagawean.

Jupiter wengi iki isih muter Kangmas..
Sapa kang bisa dadi tudingan.
Rikala karepe awak kudu den penggak wong sing wis ora ana hak..
Den sepatani minangka boca buwangan.
Ora isa dipapanke ora isa dipernahake laku uripe.

Jupiter wengi iki isih muter Kangmas..
Enggal-enggala oleh pepadhang kanggo lantarane jalaran.

RASA

Sumuruping sang bagaskara ana ing bang kulon
Angiringi tedhak langkahmu ing paran sore kuwi
Wong bagus kang araga layu
Datan sulap marang mas picis raja brana...
Kandha ing aneng..
Aneng kang ngudhar rasa
Rasa sih kang sumimpen
Awit purwaning nyawang netramu
Wong bagus..
Kang dadi gegayutaning ati
Dadi sumber hawaning dhiri..
Meksa datan krasa yen saben dina dirasa
Aku ora sudi kadya Sarpakenaka
Kang murang tata ngoyak Gunawan Wibisana
Nanging aku uga ora ngluputna Banowati
Nyai Ratu kang kedanan baguse Permadi
Gus..
Datan ana kang luput rikala rasa kang micara
Nanging muga tansah ugemana
Lamun Raden Danapati tansah lila legawa
Rikala Dewi Sukesi datan purun ginarwa
Ora ana kang meksa
Uga datan ana kang pineksa
Wus jamak lumrahe menawa manungsa kedunungan rasa
Nadyan kang dirasa datan tau rumangsa.

BANJARAN BUDHAYA

Lair saka garbaning pertiwi
Jumedhul saka tlatahing jawi
Mijil anggawa piwulangan suci
Anggula wentah jatining diri
Budhaya Jawa
Kang ambabar arum, ana ing marcapada
Luhur lumantaring cahya
Tansah hamikul wibawa
Budhaya Jawa...
Lenggahing unggah-ungguh basa
Kebak ing tata krama
Tresna tumrap kawruh kabecikan
Mbiyen…
Budhaya Jawa tumuwuh saka pulung ati
Padha hangakeh nguri-uri basa lan sastra
Lembah manah, andhap asor
Iku patrap kang wus lumrah
Hananging... Saiki…
Kasmaran iku nora katon endah peni kadya kala mbiyen
Girisaning budhaya manca, kang durung tamtu laras kalihan pribadi bangsa
Teka datan kendat, kang gawe lena para mudha
Tansah gawe sumelanging jiwa
Tansah gawe suntruking bangsa
Endi…?
Basa kang alus, manis, kang dadi cirine wong Jawa
Endi…?
Karya kang adi luhung,
kang ngemot wulang wuruke budhaya Jawa
Ana ngendi?!

Luhure budi pakarti kang nate mumbul ana ing bebrayan agung?!

Ana ngendi?!

Sulistyane reronce jagad unggah ungguhing basa?!

Ana ngendi?!
Budhaya kang nate ngrembaka ing nusantara?!
Ana ngendi?!
Endahe sekar gending kang dadi panentreme ati?!
Ana ngendi?!
Dolanan tradisional kang tansah agawe guyup rukune diri?!
Ana ngendi?!
Jangkeping trapsila anak marang wong tua?!
Ana ngendi?!

para taruna luhur kang dadi cagaking bangsa?!

Ana ngendi?!
Para satria pinandhita kang tansah nyengkuyung uripe budhaya jawa?!
Ana ngendi?!!!
Apa pancen kabeh wus muspra?!
Apa pancen wus sirna?!
Apa pancen jawa wus kacaplok dening manca?!
Apa pancen kabeh wus ora ana tilas tapake?!
Apa pancen budhaya wus nora apa jati dirine?
Mokal,,
Mokal, lamun...
Jawa bisa kasampir dening manca
Mokal yen ta…
Manca gawe pepatining budhaya
Lamun sira,
bisa dadi prawiratama
Minangka pepagering budhaya
Dadi punggawaning bangsa
Madeg kasatrianing Jawa

Udharana Lumantar Tulisan

Author Details

selamat datang

@templatesyard

Ruang Komunikasi