dadi manungsa
kang isa niru watake kaca
kang isa tiniru marang wong liya
kaca ora gelem ngomong eleke manungsa
kaca ora isa ngumbar apes bejane sira
kaca ora bakal ngujar barang ala
ananging ..
kaca tansah nyimpen
rasa atine wong liya
kaca tansah ngomong apa kang ana
umpama kaca ana ing
sajroning jiwane sira
ora kelakon ana
jumantara dadi buwana,
buwana dadi jumantara